Dalan Patrol-Haurgeulis Rusak Pisan
Baka liwat dalan patrol – haurgelis aduh weteng belak baget, soale dalane rusak parah apamaning lamon sampean nunggang motor aduh ora enak banget wis awune meledug pisan, sing paling parah ma ning leba Anjatan pas ning Karang Malang mbuh kaya dudu dalan,wong lubange jero banget, Sing ati -ati bae baka liwat ning kono, pernah ana wong kecelakaan tabrakan gara-gara rebutan dalan akhire nenggor lan tabrakan.
Embuh priwe pemerintane kaya ora ngurus nbanget ning kepentingane wong akeh, apa dana ne entok go kampaye ? janjine mah awal 2009 arep aspal dalan patrol – haurgeulis tapi kenyataane mah masih mengkenen bae, padahal dalan patrol ku sering dilewati wong -wong penting pemerintah, apa ora ana rasa peduli ya, kita mah kader ga wong cilik cuma bisa ngerasaaken blenake bae, mung ngarepaken banget lomon bisa mah dalan gagian di aspal, keder arep usul -usul ning sapa, moga – moga bae pa bupati Bupati ngerti lan weru ning dalan patrol – haurgelis, ambiran gagian di beresi. *din
sing jelas oknum jaga portalkuh sing bener ambesan aja gampang manjing metu mobil sing ngluwihi muatanne,aja seneng kanggo pribadine dewek bae sih,wong cilik maning sing kena getahe,aja enak2an bae ya………………
sing bengen gah waktu nyong cilik sampe seprene wis umur 40 tahun dalan patrol – haurgeulis durung ana bagus-baguse acan, wis pirang-pirang ganti bupati, ganti gubernur ya pada bae…ora pada ngurus wargane..apa kudu isun bae sing dadi bupatine biar ngerti karo kepentingan warga lan rakyat indramayu…ha..ha..