Pasar Patrol
Indramayu – Ana kabar anyar sing gedung DPRD Indramayu sing Anggota DPRD, wong penting dermayu jarem engko tahun 2012 Pasar Patrol kuh arep di bangun program Penataan Kota dermayu barat,tepate ya ning kecamatan Patrol, rencanane mah arep di bangun kaya model pasar impres mengkonon, di tingkat terus terminale arep di alih ning bunder, patrol rada ngidul setitik.
Ya kitamah wong cilik, sing di arepaken mah kudu melas ning wong dagangan sing ana ning kios lama, paling beli bisa melu daftar maning lamon arep dibangun, soale kaya bengen malah sing pihak pasar kaya ana permainan endi sing akeh duite ya bisa pesen kios lebih sing loro, terus sing akeh wong pendatang, lomon jare Mang Alul mah ya go peibumni sing dagang ning kono dikitlah, soale mah masalah karcis ning patrol kuh terlalu nyekek rega, sok bae bayangaken setiap dina karcis lebih sing 6-7 karcis , lamon di total kira-kira hampir 15.000 sing perdinane kuh, wajib bayar karcis go pedagang.
Kadang melasaken ning wong dagang durung nglayani acan wis kon bayar karcis. Sing ora jelasmah pihak pengelola pasar re ora melu bantu baka ana masalah – masalah sing berkaitan karo pedagang kaki lima atawa lemprakan.
Ai sing bener gah ko kitane priwe balik meng anjatan bisa beli mamba dalan patrol kuh ya wis kita percaya apa jare pejabat bae tapi sing penting mah bli ngrugikena sapa2