Wong Dermayu
- Saturday, May 9, 2009, 14:54
- Basa Reang
- 408 views
- 14 comments
Wiralodra – Zaman wis rubah ora kaya bengen maning. Lagi kita masih cilik, durung ana lampu, durung akeh TV, durung ana telepon apa maning handphone, komoh internet. Sekien mah apa sing laka ning dermayu?
Masih kelingan lagi awal-awal listrik manjing dermayu, sing biasae ngaji nganggo lampu cempor, diganti karo lampu. Dadi luwih padang, tapi sing ngajie dadi setitik.
Sekien wis ngelewati pirang-pirang generasi, interkom wis ganti karo internet. Bener-bener cepet perkembangane Dermayu. Tinggal kitae bae, arep priben Wong Dermayu manfaataken teknologi kien. Aja sampe ketinggalan karo daerah-daerah sejen, kita kudu bisa nunjukaken bahwa wong dermayu duwe kemampuan.
Kita kudu mbuang ego masing-masing, kudu bisa bersatu. Kudu bisa buktiaken bahwa Bumi Wiralodra iku dudu wilayah sembarangan tapi wilayah sing duwe peran penting.
Salam sing Kang Wira kanggo Wong Dermayu sealam dunya.
Tulisan Lain
Tentang Penulis
14 Comments on “Wong Dermayu”
Write a Comment
Gravatars are small images that can show your personality. You can get your gravatar for free today!




Assalamu’alaikum W.W.
Pa kabare, hei wong Indramayu.
Ayo reang kumpul bareng ning Virtual World
Bari bareng-bareng bangun Indramayu, Bumi Wiralodra.
Reang wong Gabuswetan, duwe kerjaan ning Zyrex Computer; Teknisi lan Marketing.
Indramayu terus jaya. 30% warga Jakarta, lan warga dunia (TKI/TKW) wong indramayu
Zyrex Computer Cikarang atawa zyrex Cikarang kang?
Yakin kang… wong Dermayu pasti bisa, Adipura bae gah bisa oleh, apa maning cuma kemajuan internet… hehehe…
sedelat maning, indramayu gen bisa mengejar ketertinggalan kang…. semangat yak….
ngomong – ngomong bisa beli kita pesen zyrek nya? heu heu
batuuuur,… duluuur,…. sing pada akuur… kita gah setuju lamon dibangun wilayah dermayu apa maning sekien dermayu wis mulai diperhitungaken nang daerah sejen. oya reang wong kroya, duwe kerjaan ning bandung bagain promotion & Sponsor Event Organizer.engko kita baka wis olih ilmu sing cukup arep balik meng kampung halamn arep bangun daerahe dewek lan arep sering ngada kaken kegiatan ambiran rame dermayune. y bli??? salam kenal kabeh y…
kanggo dulur sing selembur,… lamon bahasa indonesiane toang lan majengan apa y???
Toang = wilayah kosong diantara dua wilayah yang berpenduduk.
Kedawaen ya?
Kang Wira,… Lamon jare kita mah Toang Iku = Adoh mana Adoh mene… ^-^ Ya Bli Kang?,…Hehehehe…
TO-ANG = TOngkrongane sing groAng-groAng = Genae Wewe.He.he.he
Iya coba majuaken Indramayu IITC ne durung ana, gawe bokat bae akeh sing gabung kang.kenal aken kula wong junti balai desa ngulon…
yu…………………bangun dermayu.mari kita mulai dari pribadi kita.
hayu…..sedulur kabeh lare indramayu kudu maju aja ning internet ae ning keseniane kedik!! indramayu akeh kesenian hayu dikembangaken…..isun putu e buyut tambi gena e ning rebel studio distro komp.
sekien lagi tapa ning jero piramid desa mesir jaluk doa go majukena indramayu…..
wong dermayu terus jaya….lan makmur kabeh sedulur….
Ya ari ngaku wonk dermayu mah kudu sing getol lan rajin kanggo majuaken negerine aja isin-isin yu kita bareng-bareng munculaken dermayu ning dunia maya. ==wonk beduyut== sing ana ning mbogor.
ari kula sekeluarga sering balik baka ning dina idul fitri, tapi kapan pas ning perbatesan kali sewo (antara dermayu-subang) disambut ning pak bupati karo sepanduk contone SELAMAT DATANG SEDULUR PERANTUAN SAKING DERMAYU kaya kabupaten sejene kah ?….