|

Majengan

Sering kita ndeleng wong kumpul-kumpul mbantu dulure lamon pas lagi ana acara, misale selametan, sunatan, hajatan nikahan lan sejene. Dulur-dulur pada kumpul kanggo bantu nyaipaken segala sesuatune.

Salah siji adat wong dermayu yaiku Majengan. Majengan atawa lamon bahasa Indoonesiane mah ‘gotong royong’. Tapi majengan ning dermayu duwe ciri khas dewek, sejen kaya gotong royong biasane, majengan ning dermayu nduweni makna dudu bae sekedar bantu-bantu dulur, tapi luwih jero maning maknane.

Ngemet contoh majengan lamon ana hajatan, dulur lan batur ngumpul kabeh kanggo ngrewangi kerjaan lan melekan, dadi sejene rewang-rewang, majengane wong dermayu ditambah karo melekan. Melekan ningkene dudu bae sekedar ngopi atawa dolanan, tapi uga mastiaken segala sesuatune kanggo persiapan acara esok kuh beres.

Melekan ning majengan bisa luwih mempererat silatirahim tangga dulur. Cuma sayang sekian budaya majengan setitik-setitik mulai luntur, tapi sing masih disyukuri, majengan ala bengen waktu kula cilik, masih sering ndeleng. Mudah-mudahan majengan ora bakal ilang lan dadi ciri mayarakat Dermayu.

Tags:

6 Responses for “Majengan”

  1. ended supri says:

    Reang due pemikiran bahwa sebagai putra daerah Indramayu sepantese bahwa wong Indramayu disebut suku Indramayu dudu suku sunda uga dudu suku jawa alesane: pertama sing segi bahasa, bahasa Indramayu se-dina2 ora nganggo bahasa sunda uga dudu bahasa jawa karena bahasa Indramayu beda karo bahasa jawa, keloro : masalah seni budaya, Indramayu due budaya kehidupan se-dina2 dewek uga due macem kesenian sing cuma ana ning daerah Indramayu lan langka ning daerah sunda atawa daerah jawa contoe: kesenian tarling karo sandiwara, asli Indramayu. apamaning baka dideleng ning bahasa se-dina2 wong Indramayu baka ana wong sunda biasae takon wong sunda kana ya ngomonge kaditu, kadieu uga baka ana wong jawa, wong endi sih kaen ngomonge rono – rono wong jawa ya, nah terus kitae wong endi

  2. heru says:

    siji maning adat wong dermayu sing ana hubungane karo majengan. khususe daerah patrol, anjatan lan sekitare. yaiku “telitan”. sing artine, sedulur ato tangga mai “sumbangan” karo sing duwe hajat. biasane berupa beras. sebenere kurang tepat lamon disebut sumbangan. sebab sing duwe hajat iki kudu mbalikaken sumbangan kuen karo sing mai, pada saat sing mai tersebut duwe hajat. misal, si A duwe hajat. terus si B mai sekintal beras. pada saat si B duwe hajat, si A kudu mai si B sekintal beras maning. sebenere iki ora wajib. mung, lamun ora dilaksanakaken bakalan dadi omongan tetangga.

  3. Ade Ghozaly el-Jhenkoky says:

    Persoalan aran, istilah iku mung sebuah simbol… majengan, ngobeng, rerewang, lan sanese kuen cuman istilah…. sebagai konsekwensi hukum alam, dinamisasi identitas budaya pasti bakal ngalami pergeseran “social change” perubahan sosial budaya termasuk masalah majengan / ngobeng ning dermayu, meski budaya ini masih ada tapi coba bandingaken ana perbedaan secara kualitas mun wong tua kita bengen majengan dilakukan secara ikhlas tanpa pamrih, melekan diisi dudu cuma “GAPLEAN” tapi ana diskusi obrolan sing manfaat, tapi SEKIEN bagen majengan plus melekane masih lestari tapi “RUH” esensi majengan lan melekane menurun secara kualitas,,, ora jarang (maaf…) melekan diisi kelawan REMI WAL GHAFLE sing ngandung unsur judi……baka ana tuan rumah sing ora nyediakaen hadiah atawa apane go REMI WAL GHAFLE diarani ora gaul…. padahal judi dudu budaya dermayu,,,, Dados menurut reang Hal sing paling penting melestarikan dan mengimplementasikan nilai2 luhur sebuah tradisi jauh lebih penting dari sekedar sebuah simbol budaya… LAMUN TING BATING budaya Majengan, Ongobeng 20 tahun maning ilang saking bumi dermayu, TAPI SING KUDU AJA SAMPE ILANG ; pesan luhur nilai-nilai majengan, sebagai salah satu bentuk mempererat silaturahim tetep kudu lestari lan ditingkataken, meskipun simbol budaya sing arane “MAJENGAN” iku wis tinggal aran…

  4. patrick says:

    jare kita mah bagen arane sejen ana sing “majengan” lan “ngobeng” tp intine mah pada bae yaiku ngrewangi dulur lan tangga sing lg due hajatan. apa mning lamon hajatane ana hiburan misale organ, komo lamon sandiwara lan organ tarling mah wis pasti akeh sing pada majengan. salam kenal ya sing wong kroya…

  5. Majengan laka2… Mung ana ng daerah Dermayu lan Cirebon.

    Tp lamun ng daerahe kula (Kertanegara, Haurgelis) iku arane dudu Majengan Kang Wira… Wong2 ning kana biasa nyebut ‘NGOBENG’. Desa-desa liyane ng Hgeulis sih kabeh nyebute ‘MAJENGAN’, mung ng desae kula dewek sing beda.

    Baka ana sing ngomong ‘MAJENGAN’, kaya-kayae ng kana laka sing pada ngerti (mung sebagian). Unik ya..???

  6. Jonai Ruli says:

    Bener pisan langka sing madani ciri khas budaya ning Indramayu kuh contoe ya majengan iku ya muga2 sing dadi contoh ning anak putu kula kabeh.

Leave a Reply

Premium WordPress Themes