Sing Duwe
Pasti wong dermayu apal kabeh ning arane ‘tarling’, lamon ora weruh berarti dudu wong dermayu. Tarling sing sejarae nglibataken antara Indramayu lan Cirebon dudu bae terkenal ning wilayahe dewek, tapi wis mendunia.
Pernah beli kita nelitiaken lamon ning acara tarlingan, selain ana sing nyawer, ana maning sing dadi ciri khase wong dermayu, yaiku ungkapan ‘sing duwe’. Lamon ana sing nyawer, wis bisa dipatiaken lamon biduane atawa pembawa acarae nyebut ‘sing duwe’, contone ‘kang patrick sing duwe kroya’ , ‘boss udin sing duwe pangkalan’, ‘kang yanto sing duwe pasar’, lan sejen-sejene.
Coba kita-kita bayangaken ungkapan kuen, lamon bahasa Indonesiae mah ‘yang punya’. Aslie mah dudu karena emang bener-bener wonge kuh sing duwe kroya, pangkalan atawa pasar. Tapi luwih parek kanggo julukan lan wewara asale sing daerah kuen, atawa usahane ning kono atawa emang bener-bener sing duwene.
Jare iklan mah ‘apapun makanannya, minumnya teh botol sosro’, apa bae arti ungakapn ‘sing duwe’, sing pasti kuen dadi diri khase wong dermayu.
(Sing Duwe Wiralodra.com)
salam kenal karo wond dermayu sing ana ning Batam..tapi dudu “sing duwe” Batam lah….
ea wis kita mah kirim salame kanggo sing due blog kien salam sing wong due toang panyindangan..
Iya ningan…. sip sip sip… jadi omong2, sapa kih sing duwe situs kien? wong endi? tambahaken karo link loker (lowongan kerja) sing ana ning dermayu… “Banyu-Getih”e wong reang sekabeh, bli gah? samberan bs pd ngebangun dermayu trus maju, ya, slogane kien, REMAJA….
tarriiikkk maannggg….!
wong dermayu hallo bagen kita kabupatene subanggah ning getihe kita ngalir darah indramayu,sing leluhur,kula keturunan saking wirangrong kertasmaya,maning cempeh lelea
Two thumbs up!! My Bro…
bener pisan kuen kang, kita setuju ning anggapan mengkonon soale kata “sing due” kuh wis dadi ciri khase wong dermayu dewek. apa maning lamon wong sing due ne ana ning arab atawa dadi TKI dadi diibarataken due ni wilayah arab padahal mah lg kerja ning kono dadi TKI ya bli kang ….??? soale kita lagi kaen nonton hajatan Organ Tunggal wong2 kuh pd nyebutaken sing due wilayah dewek2 bae kaya misale Pak kuwu, Pak camat lan sejene…