Puasane Wong Dermayu
Salam kangge wong Dermayu sing wonten teng pundi mawon. Sekedap malih sasi puasa dugi, mekoten gah sasi puasa mboten saged ngalangi kegiatan-kegiatan Wiralodra.Com, Insyaallah masih teras wonten aktivitas.
Kula saking Wiralodra.Com ngucapaken kalian panjenengan, nyuwun dibuka pintu maaf sing seageng-agenge. Nyuwun ageng pangapunten, upami wonten isi teng situs niki sing menyinggung panjenengan sanes, atawa wonten konten sing disadur tapi mboten dipun tulis asal-usule. Mboten wonten maksud sing sanes-sanese, namung semata-mata supaya literatur tentang Indramayu dados katah teng internet.
Kangge dulur-dulur sing wonten teng perantauan, mangga kula saling maaf-memaafkan lewat media napa mawon, sing saged nelpon, mangga kula nelpon meng Indramayu, sing sms uga mangga sms teng dulur-dulur sing wonten teng kampung, atanapi kangge media internet, saged teng facebook, blog, email atanapi messenger.
Mangga kula nyuciaken ati lan pikiran kula lan penjenengan sanes kangge ngadepi sasi ramadhan taun niki.
Wiralodra.Com ngucapaken “Selamat Menunaikan Ibadah Ramadhan“.