Sesambat

Sesambat

aja maning umah lan sawah
wis lawas cangkem lan mata
digadeaken sing jero istana
dadi selembar borek urip ning dunya
tangan lan sikil wis lawas kari aran
diadol lan diitung ijenan
kayadene dengkil ning pasar sato-kewan
ati lan jantung embuh mendi digawa
otot lan getih wis tanpa krana
–apa maning sing dadi duwene kita?

pirang-pirang taun lan abad
etungan ora pragat-pragat
padahal tritis lan grimah
wis lawas diobral murah
blandongan lan pawon dadi grijogane wong sing jaba
sampe teka ning jobong peturon dipamba-pamba
yen nangis, banyumata wis garing-ngringking
yen jerit, suara wis ora bisa njempling
kaya ngenteni blarak garing rigel ning lemah
–apa maning sing dadi duwene kita?

kaya-kayane lakah sing duwe melas
sampe tikus ning lumbung pesta pari lan beras
banyu lan sega wis kena endrim lan portas
sayah lawas ambekan kaya senen-kemis
kena angin bengi awak tambah atis
apa kaya kenen dadi wong ana ning esor
ora duwe wani, ora bisa lapor
aran mung disebut sewaktu madep ngalor
aja-aja, dudu nasibe badan kita bae
–aja-aja, nasibe negara uga pada bae!

Supali Kasim
Dermayu, 2008