Suwung
Suwung
ning towang dalan krasa suwung pisan
bagen jriji, badan, ati kita kraket dadi siji
langit ning duwur gawe seneng kelawan muji
–apa maning sing kudu diomongena–
wis lawas Kang Kuasa maringi tresna
kita wong loro mung ketiban genah
manjing tengah kota suwung masih krasa
bagen gumebyar damar sewu padang pisan
mubil, motor, beca sladat-sludut ning dalan
–apa maning sing kudu ditawan–
yen sikil kaya kepater derese udan
kaya kepulut aci sejembangan
rasa suwung kita gawe sumedot dada
bagen ati lan rai katone bungah
tanduran pari wayahe megar ning sawah
–apa maning sing kudu dienteni–
sayah lawas ati bli bisa dipungkiri
kapan bae waktune dadi sawiji
pikiran mangmung nambah rasa suwung
bagen ati dadi siji angel pisan nrabas alangan
yen bli kuat sesambat wong loro dadi edan
–apa maning sing kudu diimpeni–
rajeg ning arep, guri, lan iringan wis dadi geni
burak-santak mbakar mbrudag ning dami
Supali Kasim
Dermayu, 2008